Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...

Translate This Blog

English French German Spain Italian Dutch

Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Kabar Langit Ing Pucuk Wit-Witan

Written By Unknown on Wednesday, December 12, 2012 | 12/12/2012 02:47:00 PM

Kabar Langit Ing Pucuk Wit-Witan

Kangmas,
Delengen kae
Embun ing pucuk wit-witan
kang sinorot cahyaning suryo
katon mencorong kadyo barlian
kang kumanthil ing talingane midodari
Apik tenan yo, kangmas

Rungokno, kangmas
embun iku paring kabar
yen titi wancine wis kabuko
sedelo maneh
iyo, sedelo Maneh bakal tumibo
bebono rojo brono
kanggo nyinambut tekane sigaraning nyowo

percoyo-o, kangmas
tan ono kang bakal biso anjegal
semono ugo tan keno kagege tekane
amarga kabeh wus kaserat
ing kitabe moloikat

kangmas,
sawuse ikhtiar wus pratiti
namung sumarah maring kersaning gusti
mugi dadi-o panglipuring ati

-------------------------------------------
Geguritan saking timur lauting samudro alit
>>TIRTA WENING

0 komentar:

Post a Comment

Salam hangat....
Komentar anda adalah tanda jabat erat persahabatan di antara kita.