Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...

Translate This Blog

English French German Spain Italian Dutch

Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Janji Langit Ing Pucuk Wit-Witan

Written By Unknown on Thursday, December 6, 2012 | 12/06/2012 12:53:00 AM

Janji Langit Ing Pucuk Wit-Witan

Srengenge sedhelo maneh sumunar, kangmas
Sawise peteng ndhedhet lelimengan
kang ngungkung jiwo sajroning krangkeng dukito
Ora bakal kacegat yen pancen wis tinitah
Mengkono ugo tan biso kagege tekane

Sesuk isuk,
yen wis titi wancine
Delengen embun kang tumibo ing pucuking wit-witan
Kadyo barlian mencorong kasorot sinaring suryo
ngabarake janji langit kang wus pinasthi :
ono dewo nganglang jagad, nggowo bokor kencanane
kairing midodari sewu siji
andum bebono ing keprabone mami
Matur sembah nuwun, Gusti.

-------------------------------------------
Suryo kaping tigo ing pungkasan warsa 2012
Geguritan saking timur lauting samudro alit

>> TIRTA WENING

0 komentar:

Post a Comment

Salam hangat....
Komentar anda adalah tanda jabat erat persahabatan di antara kita.